Kompas TV regional berita daerah

Aksi Balapan Liar ing Underpass YIA

Kompas.tv - 2 Maret 2020, 11:36 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

KULON PROGO, KOMPAS.TV - Loro mobil iki nembe viral ing media sosial lur. Mergo aksi balapan liar ing underpass Yogyakarta International Airport Kulon Progo. Waduh lur nembe wae diresmekke nanging wes kanggo balapan duuh mas broo.. Hhmm jebulno lur aksi balapan mobil liar iki kanggo nggawe film endeg kanggo event ing Suroboyo, Jawa Timur. Nanging pas diselidiki balapan kanggo nggawe film endeg iki orak ono ijinne, weealah... Hehehe nanging tetep wae keno tilang ya mas bro mergo wes ngresahke masyarakat lan nglanggar wates kacepetan. Underpass ing Kulon Progo iki memang nembe diresmekke tanggal 24 Januari 2020 wingi . Kecepetan kendaraan ugo iseh diwatesi 40 kilometer sak ben jamme. Nah nek mobil ing video iki yo wes mestine nglangar lalu lintas yo por ra lur. Lan undang - undang sacoro teges nglarang kendaraan adu cepet karo kendaraan liyone. Sanksine arupo penjara pidana maksimal setaon dan dendo telung yuto rupiah. Mbesok meneh nek balapan ki yo ing arena balapan ojo ing tengah ndalanan mergo iso mbebayani wong liyo lur....

#BalapanLiar #UnderpassYAI #KulonProgo



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x