Kompas TV regional berita daerah

Polisi Netepke Loro Tersangka Anyar Insiden Susur Kali

Kompas.tv - 26 Februari 2020, 13:49 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

SLEMAN, KOMPAS.TV - Kepolisian Daerah Istimewa Yogyakarta terus ngembangke kasus tragedi susur Kali Sempor. Senen (24/2/2020) Polisi netepke loro wong tersangka anyar, yoiku pembina pramuka seng melu mudun ing kali nanging mung ngenteni ing panggonan finish lan ketua gugus depan SMP Negeri Siji Turi seng ngenteni ing sekolahan. Kelorone dianggep lalen mergo dadi pembina seng wes nduwe sertifikat MKD Pramuka nanging orak paham karo keamanan kegiatan pramuka. Kelorone langsung ditahan ing Mapolres Sleman bareng karo tersangka pertama. Sakliyane kuwi, Polisi ugo wes mrekso 22 wong saksi mulai soko pembina, warga, Kwarcab Sleman, wong tuwane siswa, lan kepala sekolah.

#SmpN1Turi #KaliSempor #SusurKali



Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x