Kompas TV regional berita daerah

Es Krim Godhong Kelor Enak lan Akeh Gunane

Kompas.tv - 3 Februari 2020, 11:58 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

SEMARANG, KOMPAS.TV - Ojo mbayangke godong kelor dadi toping neng dhuwurre sajian es krimmu lur. Orak lur … Ing cafe seng ono ing dalan Gang Pinggir, Kranggan, kawasan Pecinan Kota Semarang iki, godhong kelor diolah dadi sajian es krim. Carane .. godhong seger dikeringke karo mesin kanggo njogo nutrisine lur. Njur digiling dadi bubuk lan diolah dadi es krim karo nambahke bahan bahan liyone koyok susu endog lan gulo. Hhmmm rasane koyok piye yo lur...yo mestine enak e tenan... Rasane seng enak lan orak koyok jamu podo umumme nggawe es krim godhong kelor iki didemeni poro pengunjung utamane anak-anak. Ing Indonesia godhong kelor memang dimitoske kanggo nglunturke jimat utowo susuk lan ritual liyone. Nanging jebulno godong kelor ugo akeh manfaatte kanggo kesehatan koyok ngandung anti oksidan nganthi kanggo tombo kolesterol. Siji scoop es krim godong kelor iki dibandrol karo rego 18 ewu rupiah lan 32 ewu rupiah kanggo loro scoop. Wong tuwa lan cah enom iso nyobo es krim godohong kelor iki. 

#EsKrim #GodhongKelor #Semarang




Sumber : Kompas TV



BERITA LAINNYA



FOLLOW US




Gabung ke Channel WhatsApp KompasTV untuk update berita terbaru dan terpercaya.


VIDEO TERPOPULER

Close Ads x