Kompas TV regional berita daerah

Offroader Nglewati Jalur Ekstrem ing Bukit Windurojo

Kompas.tv - 30 Januari 2020, 10:51 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

PEKALONGAN, KOMPAS.TV - Barisan mobil-mobil off road iki iseh siap siap kanggo nglewati medan seng nanjak ing perbukitan Windurojo ing Pekalongan, Jawa Tengah. Komunitas off road iki arep sak ben minggu nyobo macem-macem lokasi kanggo nguji adrenalin ing medan seng angel. Ing rute iki ono akeh jalur seng terjal karo macem-macem tantangan. Karo onone jalur seng nantang nambah menarek kegiatan off road mobil iki. Ing jalur ekstrem iki poro off road nglewati jalur kali, tanjakan nganthi dalan lumpur, seng nggawe offroader ditantang kanggo nglewati dalan iki. Pas nglewati tanjakan akeh mobil seng kepleset mergo lemah seng nggerus ban mobil lan nggawe metu jalur. Lan hal iki nggawe pirang-pirang mobil kudu ditarek karo mobil liyone supoyo iso lewat. Lan orak sitik mobil seng rusak pas lewat dalan nanjak lan mudhun. Jalur seng dienggo iki yoiku rute seng durung tau dienggo sakwene setaon luweh. Nanging poro offroader disajekke karo pemandangan seng endah pas tekan neng puncak bukit. Lan cocok kanggo istirahat sakwise nglewati jalur seng menantang karo numpak kendaraan offroad.

#Offroad #BukitWindurojo #Pekalongan



Sumber : Kompas TV


BERITA LAINNYA



Close Ads x